Kimpenan Riko

Jarene, jogo jarak kudu dilakoni
Nanging saiki jogo ati sing biso setiti
Jarene, waktu poso kudu dijogo
Nyatane, koyo-koyo hang duwen roso

Heran sun herani dewe
Chatingan sing kelaksan wis suwe
Nanging apuo rupan riko sing nono preine
Moro teko moro lungo nang impen isun

Reng sopo sun kudu takonan
Yen gedigi hang dadi lakonan
Kimpenan riko macem-macem ceritan
Ono hang esem guyon ambi riko
Nganti koyo ono angin hang rupane nyoto

Waktu sahur sun pikiri
Impi hang nembe teko dalu iki
Ceritane riko lan isun enteni
Numpak prau kanggo nyebrangi kali

Nadane nyenengaken
Hawane anget lan adem
Nyatane, impen nisun koyo wong kesloloden
Buru guyu bareng wes kepedot gugahan emak isun

Nelongso keparo ora percoyo
Impen seneng sing biso tekan endinge
Impi isun hang biso gedigi gambare
Riko jelas keseron jelase
Nganti hang sun biso lalekne

Pitakon ati isun
Apuo kudu riko
Apuo dudu wong liyo
Hang jelas sun sing biso ketrimo
Hang jelas riko wis ono hang jogo

Komentar

Posting Komentar

Postingan Populer